Wednesday, January 30, 2008

Menu Makanan Khas Banyumas

Menu Makanan Khas Banyumas

Bakso
Akeh penggemar bakso nang Purwokerto, sing terkenal ya Bakso A.Yani, Pasar Cermai, Telkom, Pasar Pekih, dll. Cirine bakso nganggo krupuk Mireng (kaya mie sing digoreng) terus ana kupat karo kacang gorenge.

Tempe Bongkrek
tempe bongkrek sing diarani uga dage digawe sekang ampas tahu digoreng karo glepung (tepung beras)

Soto Kecik
Sroto utawa soto ialah salah siji panganan tradisional khas Indonesia sing digawe sekang aneka bahan lan disajikan nganggo duduh sing mandan akeh. Panganan kiye bisa disejajarkan karo sop. Masing-masing daerah duwe panganan khas kiye, contone : soto Kudus, soto Madura, coto Makassar, soto Lamongan
lan liya-liyane, nang Banyumasan umume disebut sroto. Sroto sing paling terkenal ialah Sroto Sokaraja.

Mendoan & Kripik
Mendoan
Bahan

* 300 g tempe, iris ½ x 5 x 7 cm
* 75 g tepung beras
* 1 sdm tepung sagu
* 5 ler godhong kucai utawa godhong bawang, iris 1 cm
* 125 ml santen kenthel sekang ½ iji kelapa
* lenga nggo nggoreng

Bumbu sing dialusna

* 3 iji kemiri
* ½ sdt ketumbar sangrai
* ½ ruas jari kencur
* 2 siung bawang putih
* uyah secukupe

Cara Nggawe

Campur tepung beras, tepung sagu, karo bumbu alus. Terus santene disuntek sethithik2 nyambi terus diaduk nganti rata. Angger dirasa kurang encer, bisa tambaih banyu secukupe.

Lebokna godong kucai, aduk nganti rata, terus tempe dicelupna siji-siji.

Goreng nganggo geni sing sedeng aja kegedhen (mbok geseng) nganti mateng karo kelire madan kuning kecoklatan.

Dipangan mumpung esih anget.

Hasil: 10 mendoan nylekamin

Wis lah nganah gari dijajal………………..

Kripik kuwe panganan sing digawe sekang tempe sing mandan tipis, dilebokna maring adonan nang wadah campuran aci lan barang liyane trus digoreng ngantek garing. Angger ora garing dijenengi mendoan angger garing kuwe sing diarani kripik.

Sate Kambing
sate kambing sing terkenal ana nang daerah Kalo Bagor arane sate kambing 2 saudara
ada maning versi sate ayam sing karo kulite lan sindike loro sekang biting nang Jl. masjid, Sate Martawi, ana maning Sate Pak Kadal nang cedheg ex bioskop Srimaya.

Nopia & Mino
Nopia ialah salah siji penganan khas Banyumas, digawe sekang gula jawa sing dibungkus adonan terus dipanggang nganggo tungku khusus ngantek atos ning tengaeh tetep empuk. Seliyane nopia, ana maning Mino utawa mini nopia (nopia sing ukurane cilik/adine Nopia).

Nopia kiye werna-werna rasane, ana sing rasa brambang, duren uga cokelat.
Gudeg Purwokerto

Getuk Goreng
Getuk Goreng kuwe salah siji panganan khas banyumas sing degawe sekang boled (ketela/singkong) derebus seteruse detumbuk supaya alus lan oyode debuang geuk biasane decampur gula utawa klapa sing deparut, getuk goreng ya kuwe getuk sing degoreng, getuk goreng sing terkenal neng wilayah banyumas yakuwe getuk goreng Sokaraja.

Serabi

Legen
Legen : atawa badeg, kuwe sekang banyu kembang klapa sing nggo ngawe gula jawa.

Cimplung
Cimplung kuwe salah siji jenis panganan tradisional, bahan dasare digawe sekang budin utawa ketela pohon.

Panganan Khas Terkenal

* Jend. Sudirman kota Sokaraja: sroto, gethuk goreng lyy.
* Tamara Sari (sisi Sri Ratu Purwokerto):sop buntut.
* Pertelon Sokaraja-Purwokerto belok kiwe (mlebu gang):sroto sutri.
* Jl. Bank, Purwokerto(pedhek Musium Bank):sroto ayam kampung pak Sungeb.
* Pasar Wage, Purwokerto:sroto Pasar Wage + Bakso.
* Jl. Jend. Sudirman, Sokaraja (kanan dalan):sroto lama Bp. Suradi.

1 comment:

Dui Marr said...

sroto dalan bank utawa sroto sungeb ya ora kalah nylekamin karo sroto sokaraja.