Saturday, January 5, 2008

Dhialek Banyumasan

Dhialek Banyumasan
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung ke: pandhu arah, golèk

Dhialek Banyumasan dituturke ing tlatah Banyumasan, kasebar mulai Kebumen, Cilacap, Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara, Pemalang, Tegal, Brebes nganthi tlatah Pasundan, molai Cirebon - Indramayu lan Banten lor.

Dhialek iki terkenal karo cara omonge sing khas. Dadi logat Banyumasan iki akeh medhoke ketimbang logat Jawa liyane.

Upami :

* Nyong : aku
* gandhul : kates
* kowek : kowe

Dibanding basa Jawa dialek Yogyakarta lan Surakarta, dialek Banyumasan akeh banget bedane. Beda sing utama yakuwe akhiran 'a' tetap diucapna 'a' dudu 'o'. Dadi angger neng Solo wong mangan karo 'sego', neng Banyumas wong madhang karo 'sega'. "Utek ko kon jallan jalan maning ora karo ndasse". tegese : utek kok dikon jalan olehe jalan mesti karo sirahe.. "oli-olihe apa kang " duwe oleh2 apa kang, "munthul nagka thok " telo pohung karo nangka wae.. kepiye ana ing dialek Banyumas dadi kepriwe, mdean, lsp. kosakata akhiran konsonan diucapake medhok lah kandhel ana ing pangucap. wedok warek dadi waregh, njupuk dadi njupukk..lsp


Sub-sub dialek Banyumasan :

* Dialek Banten (utawa Jawa Serang)
* Dialek Cirebonan (Indramayu-Cirebon)
* Dialek Bumiayu (antaraning Brebes lan sebagian Banyumas)
* Dialek Tegal
* Dialek Banyumasan (Kebumen, Cilacap, Banyumas, Purbalingga lan Banjarnegara)

_________________________________________________________________

Dhialek Banyumasan (logat Banyumasan) saged dipun pirsani katrangane mawa langkung gamblang ing kamus Dialek banyumas-Indonesia. http://hanacaraka.fateback.com, Ugi Wonten koleksi kamus bahasa jawi ingkang jarang kepanggih teng toko2 buku : Kamus Dialek Banyumas - Indonesia Kamus Dialek Tegal

No comments: